Bedhaya

Bedhaya Ketawang

Bedhaya inggih punika jogèd utawi beksa ingkang dipuntarèkaken déning kenya cacah sanga. Bedhaya saking tembung ambedhaya ateges nari. Beksan Bedhaya inggih punika salah satunggaling beksa ingkang asifat sakral dipunripta déning Panembahan Sénopati kaliyan Kanjeng Ratu Kidul. Rikala jaman samanten jogèd bedhaya punika namung dipunpagelaraken wonten lingkungan kraton kémawon lan tiyang Jawi kraton boten saged midhangetaken, awit jogèd bedhaya punika kagolong jogèd ningrat lan sakral. Jogèd bedhaya dipunsebat jogèd sakral amargi jogèd punika ngandhut suraos falsafah tiyang gesang ingkang agung, khususipun kanggé tiyang Jawi.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search